Mbuang Sampah Wae Kok Angel

gambar saka @heyhenree
Pancen sampah ki dadi masalah nomor utama ning Indonesia saliyane pengangguran, lan sarana transportasi. Bencana banjir wis dadi langganan ana Jakarta, nanging wong Indonesia isih ora gelem sadhar yen mbuang sampah iku kudu ana panggonane. Pokoke waton wuuur…buang. Padahal, Indonesia iku termasuk negara kang nyediani tempat sampah ana ngendi-ngendi. Wis ngono le mbuang wae ora sah kudu milah-milah sampah daur ulang, sampah basah, apa sampah umum. Penak! gari plung..beres!
Akeh wong isih sok ngaitake tingkat pendidikan karo kesadaran membuang sampah. Yen menurutku kaitane sithik, ora linear. Buktine isih akeh penumpang-penumpang mobil pribadi ana jalan tol sing mbuang sampah sembarangan.
Cilakane meneh sampah sing dibuang metu jendela iku plastik kang isine utah-utahan (wong muntah). Aku wis tau ketiban plastik kaya ngono kuwi lan wutah ana ing kaca ngarep, nutupi pandangan sopir. Lak yo mbebayani to?
Yake pancen kabeh peraturan ki kudu ana ancamane kaya ing gambar dhuwur kuwi. Saka mbuang sampah, peraturan lalu-lintas, lan saliya-liyane. Hahaha. Salah sithik gebuk! Buktine ana kampungku tulisan “Pelan-pelan, banyak anak kecil” isih ora medeni tukang kebut-kebutan. Luwih efektif nganggo tulisan “Ngebut benjut!” .
Yen wis ngono kuwi sapa sing isih wani ngomong yen peraturan kuwi untuk dilanggar?
Wani ngelanggar dijamin terkapar..Haha!











[...] This post was mentioned on Twitter by Hargyo Tri Nugroho, Maria Arini, Tesza Fransiska, Rachma Kharsa G.W, Ojo Nesu To Su and others. Ojo Nesu To Su said: OjoNesu.Com: Mbuang Sampah Wae Kok Angel http://bit.ly/aKX6TH [...]
Yo pancen sampah kwi marakke masalah. Sakjane wong2 kene ki kudu didik ngguwang sampah seko cilik. Banjir neng ndi2 lak yo akibat sampah ting semawur juga toh. Ning jane yo kudu ditunjang karo sarana prasarana seko pemerintah. Saiki nek wong2 wes sadar meh ngguwak sampah ning ra ono wadahe yo percuma. Sampah plastik dibedakke karo sampah organik. Pertama2 pancen ribet sih nek dilakoni, ning kudune dewe sadar kwi yo penting nggo sesuk anak putune dewe.
Kabotan yo le komen..? :p
lha njuk piye? sida diantemi po ra?
gawan bayi iku mas
kebanyakan pada susah mau buang sampah
yen wadhah sampah masyarakat ono ra yo? hahahhaa..:p
Kelingan ndek mben cilik’anQ ngiseng nang kali.., mben isuk limponge podo paway ,,wkwkwk
nang ngendi tlisan iku ono ??
Yo,muga-muga bae sing buang uwuh/sampah sembarangan dompete katut kebuang.Lan syukur-syukur anakke sing perawan ya katut kebuang. Lha rak yo uenak tenan to sing nemu?
Tulis komentar Anda!
Silakan login untuk memberikan komentar.
Pertemanan Anda
View My ProfileYou're unauthorized to view this page. Why don't you Login and try again. Don't have a Login? Register for an Account.
Artikel Terkini
Cari dana buat maintain server
Komentar Terkini
18th Jan 12
[...] http://www.ojonesu.com/2010/08/judul-film-hollywood-dalam-bahasa-jawa/ Share this:TwitterFacebookLike this:LikeBe the first to like this post. [...]
29th Okt 11
[...] 100.000 Fans Di Facebook dan Telah melakukan transaksi puluhan ribu kali secara online jaket online Tweet motif jaket motor ...
8th Sep 11
Yen modemku tak sambung nganggo kabel sing dowo, dadine isoh dipindah-pindah panggonane nggo golek sinyal tanpa mindah komputer/leptop
31st Agu 11
yen boso inggrise "kunduran truk" karo "cuwil" opo mas??
30th Agu 11
Soko Malioboro mlaku nyang Berbah (capek deh). Yen kurang adoh mlayuo nyang Gunung Putri. Paring pangapuro masalah mudah, opo maneh ...
24th Agu 11
ralat: Aku wis nyoba lang nggumun dhewe, kudune: Aku wis nyoba lan nggumun dhewe
9th Jul 11
Mas Ojonesu; meh takon nek kamus boso pisuhan inggris “tenangno pikermu opo” karo 'kopEt'Opo masss????
14th Jun 11
crazy or how much = edan po piro
11th Jun 11
request jengene anak2 kewan
4th Jun 11
Lagu iku koyok panganan, mesti bedo lek ngrasakNe Tapi yo tetep enak panganan biyen di jamin steril tanpa pengawet
Jaringan Blogger OjoNesu
Tag Cloud
Artikel Teramai
Paling banyak dibaca